Durma inggih punika salah setunggaling têmbang macapat kang gadhah watak galak lan wani. Durma jarwa dosok saking têmbung Durung pana ing Ma lima. Ngenani Ma lima badhe kababar wontên ing halaman kêjawèn, ingkang baku ma lima ingkang dipun maksud sanès ma lima ingkang kaprah. Ewadéné ma lima ingkang kaprah inggih menika madat, madon, main, minum, lan maling. Wontên kalamangsanipun Durma ugi ngêmu kahanan ingkang sêrêm lan sagêd marai ajrih. Durma kalêbêt tembang ingkang nggêgirisi. Ngênani bab jlèntrèhing têmbang macapat Durma mênika sagêd têng WIKIPÈDIA.
MÉGA-MÊNḌUNG
Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra
Ngèlingana Marang Liyan
Têmbang Macapat Durma
(1)
Gorang-garong panggroning mung mèt mêmangsan,
wit krasa bangêt ngêlih,
dilalah kalihnya,
mulat baṭang mênjangan,
barêng nubruk ngarêp buri,
dadi rêbutan,
grêjêgan pêrang tanḍing.
(2)
Dêdrêg rukêt cakot-cinakot cakaran,
rêbutrok silih ungkih,
tatu arang kranjang,
rojah-rajèh rinajang,
jaja sêbit rontang-ranting,
rahnya mbalabar,
bayuning angga ênting.
(3)
Asu ajag jogèdan wruh kang grêjêgan,
baṭang mênjangan kuwi,
dadi duwêk ingwang,
wis kono kowé macan,
têrusna gojègan matih,
aku mung trima,
baṭang mênjangan iki.
(4)
Ora liwat bangêt panarimaningwang,
mung baé wêkas mami,
dadia lantaran,
kabukaning kang nalar,
yêktiné lêlakon iki,
mêngku piwulang,
kang pantês dadi pèling.
(5)
Lamun sira tan kalimput ing kamurkan,
narima sami-sami,
rukun paḍa mangsa,
yêkti datan mangkana,
tiwas nganti adus gêtih,
baṭang tan kalap,
sing warêg wêtêng mami.
(6)
Éman têmên wujudira brêngga rowa,
tan bisa ulah pikir,
mung nguja kamurkan
tan kuwat nyanḍêt hawa,
mung nuruti hardèng budi,
datan sêmbada,
ing tékad lair batin
(7)
Nalarira nalisir nilar kotaman,
mikir ḍiri pribadi,
tan ngèlingi liyan,
lali mring kalumrahan,
gotong-royong sami-sami,
rêksa-rumêksa,
rêkasanirèng urip.
(8)
Nora rukun mung katungkul cêcongkrahan,
wêkasan dadi ringkih,
tan kuwat lumawan,
gawat rungsiding gêsang,
kang ngrubéda nguwasani,
sagung lampahan,
nglimputi madyèng bumi.
(9)
Marmanira lamun sira sakukuban,
darbé niyat sawiji,
kang nuju karaharjan,
jêjêring kautaman,
sing pêrlu rukuning ati,
golonging karsa,
pawitan kang wigati.
(10)
Linambaran momot mêngkuning wardaya,
gêlêm ngalah sêṭiṭik,
aja nggalap mênang,
tan mikir marang liyan
aja mung ḍiri pribadi,
dinèkèk ngarsa,
bêciké sami-sami
Gambar kapênḍêt saking Hargo (harian Gorontalo). Waos ugi macapat sanèsipun sèri
0 komentar:
Posting Komentar