Têmbang Macapat 7 (Méga Mênḍung)

MÉGA-MÊNḌUNG

Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra

Ngêdum Warisan
Têmbanng Macapat Mêgatruh
Mêgatruh atêgês pêgat ing ruh, yaiku sagêd milah-milah pundi ingkang saé pundi ingkang awon, lan ingkang awon dipun bucal, wondéné ingkang saé sagêd kanggé patokan ing pagêsangan. Éwadéné mênawi badhé nyumurupi langkung kathah ngênani bab têmbang mêgatruh sagêd maos wontên ing WIKIPÈDIA (dipun klik mawon).

(1)
Pêgat-pêgat brahmana ing wuwusipun,
sumurupa anggèr mangkin,
kayakaya raganingsun,
uwis krasa ayêḍaki,
garis watêsing lêlakon.
(2)
Kudu ninggal marang sira bocah têlu,
ora liwat wêkas mami,
bésuk ing sapungkuringsun,
sing prayitna ngatiati,
dèn wêwéka lair batos.
(3)
Aja ninggal paugêraning tumuwuh,
kautamanirèng urip,
mrih lêstari tumaruntun,
ayêm têntrêm jroning urip,
pinagêran karahayon.
(4)
Lan ngêrtia bésuk ing sapungkuringsun,
ora bisa aninggali, 
barang warisan kang patut,
kajabané sapi kuwi,
mula ingkang ngatos-atos.
(5)
Sapinipun mung sangalas cacahipun,
pangêdumu ingkang adil,
kang pêmbarêp kudu antuk,
saparoné sapi kuwi,
poma aja tan kalakon.
(6)
Déné kowé anggèr anakku panggulu,
dinarima jroning ati,
saprapaté baé cukup,
lawan kowé ingkang ragil,
sapralimané kémawon.
(7)
Déné lamun isih turah sapinipun,
kudu sira pangan sami,
yèn tan gêlêm kudu katur,
kabèh baé mring sang aji,
poma dén nganti kalakon.
(8)
Supataku tumiboa sira bésuk,
lamun sira ninggal wêling,
tan pantara têkèng lampus,
layonira wus binasmi,
anak têlu gung prihatos.
(9)
Kabèh bingung gèk kêpriyé ngêdumipun,
lamun turah kinén mbukti,
tangéh lamun klakonipun,
wit brahmana datan kêni,
mangan daging kang mangkono.
(10)
Déné lamun konjuk marang ratunipun,
éman têmên jroning ati,
marma sapa ingkang saguh,
jajal kono ditulungi,
nguḍar ruwêting lêlakon.


Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Yuk Gabung

Total Pengunjung

Penunjung