Têmbang Macapat 10 (Méga Mênḍung)

  

Sinom sagêd dipun maknani godhong asêm, awit godhong asêm ingkang taksih ênom mênika namipun sinom. Sagêd ugi dipun maknani rikma ingkang wonten ing palaparan, alus lan lembut sanget. Pramila menawi srawung ing bebrayan ngendikanipun kedah alus (boten klemak-klemèk) ingkang saged andayani tiyang ingkang kita ajak ngendikan punika kesengsem, linambaran polatan ingkang sumeh, grapyak lan semanak. Ing Macapat, sinom nduwé sipat kang isih enom. Kaya déné bocah cilik kang lagi ngerti ndonya. Mênawi baḍé mangêrtosi pripun têmbang sinom mênika sagêd sowan dhatêng kampoêngilmu.
 
MÉGA-MÊNḌUNG
Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra
 
Mandi Uniné Ḍéwé
 
Têmbang Macapat Sinom

(1)
Kacarita jaman kuna,
ana waranda sawiji,
uwis tuwa tan sêsuta,
nanging sugih tanpa sami,
praupané anyrambahi,
wêwêngkoning samadragung,
sakèhing palabuhan, 
sasat dipun kuwasani,
pangwasané angungkuli para raja.

(2)
Asor luhu kawasésa,
gêḍé cilik kêkês miris,
kaprabawan donya brana,
wêdi watakira jail,
tur cêṭil ambêḍiḍil,
manggan têgêlan kumlungkung,
angkuh ladak angêpak,
tan duwé têpa sasami,
kang pinuja amung donya brananira.

(3)
Kocapa sawiji dina,
dupi nangkodanya pamit,
arsa dagang lêlayaran,
ranḍa mêling wanti-wanti,
kinèn nggawakkên bénjing,
barang élok adi luhung,
kang langka ananira,
ki nangkoda anyaguhi,
sigra buḍal mbèbèr layar samodra.
 
(4)
Sapungkuré nangkodanya,
randa tuwa kang pinikir,
baya apa wujudira,
olèh-olèhira bénjing,
mula barêng miyarsi,
praunira bali sampun,
énggal mênyang plabuhan,
kanṭi gugup anêmoni,
mring nangkoda nakokaké wêlingannya.
 
(5)
Barêng krungu kang ginawa,
amung gandum nomêr siji,
ranḍa tuwa nggêbrag méja,
rainira mbrabak abrit,
ngadêg nyat muni-muni,
njêlah-njêlih swaranipun,
nangkoda dinukanan,
ora lali dèn pisuhi,
tur gandumé kinèn mbuwang nèng sêgara. 

(6)
Nangkodanya angrêrêpa,
apa ora luwih bêcik,
ingêdum mring wong-wong mlarat,
kang paḍa pêpriman kuwi,
sinêntak dèn tudingi,
kinèn nyêmplungaké gupuh,
wong mlarat kang miyarsa,
nyawa: titènana bénjing,
mêsṭi nusul dadi kéré lir wak ingwang.

(7)
Kagèt mbok ranḍa njênggirat,
énggal nyopot ali-ali,
binuwang mênyang sagara,
kambi ngucap ngiwi-iwi,
kajaba lamun bali,
kaé ali-aliningsun,
dadi kéré lir sira,
wong kang muni anyambungi,
muga-muga kalakona ujarira.
 
(8)
Durung suwé antaranya,
nuju sawijining ari,
baturira ingkang lagya,
ambèṭèti iwak kali,
amanggih ali-ali,
nèng wêtênging iwak mau,
katur mring lurahira,
jêbul ali-ali kuwi,
ingkang biyèn binuwang anèng sêgara.
 
(9)
mBok ranḍa wus tanpa daya,
rumasa wus têkèng wanci,
titi praptaning ubaya,
wiwit iku gênti-gênti,
prauné kèrêm sami,
kabêsmi wismanya sagung,
sagunging donya brana,
sirna larut êntèk gusis,
wêkasané dadi kéré turut dalan.
 
(10)
Sabên dina nèng plabuhan,
sangga uwang mbrêbês mili,
kèlingan mring gandumira,
lawan kapalira nguni,
kang sirna tanpa lari,
wêkasané uripipun,
lir sarah munggwing tirta,
sasat aji goḍong garing,
sabên dina papariman turut marga 

Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Yuk Gabung

Total Pengunjung

Penunjung