Têmbang Macapat 11 (Méga Mênḍung)


Pangkur sagéd winastan mungkur, ateges ngungkurakên barang ingkang mbotên miguna, mbotên saé lan sak panunggalanipun. Têmbang macapat pangkur mênika kathah ingkang rêmên wiwit kina mula, katitik saking têmbang mênika sampun ngrêmbaka dados wêwujudan énggal kadi déné ladrang pangkur, kêtawang pangkur. Mbotên ngêmungkên mênika kémawon, lagu (céngkok) têmbang pangkur mênika sagêd mawancawarna, antawisipun gaya solo kaliyan yogyakarta sampun bèntên, lan kathah malih panunggilipun.

MÉGA-MÊNḌUNG

Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra
Sapa Têmên Têmênênan
Têmbang Macapat Pangkur
(1)
Bêgja ingkang kaya sira,
déné paḍa tutug tinunggon sami,
déning uwong tuwanipun,
wruhanta nora kurang,
wiwit cilik wus tininggal bapa biyung,
lola tanpa sanak kadang,
tan kênḍat nanḍang prihatin.

(2)
Kaya lêlakoné Sabar,
wiwit umur wolung taun ngalami,
wis tininggal bapa biyung,
dadi lola kapiran,
uripira kalambrangan turut lurung,
turu nèng èmpèr Pacinan,
awakira kari lunglit.

(3)
Mung tujuné nêmu akal,
nêmbung dadi kongkonan bakul bakmi,
ngêtêraké mring kang tuku,
kalakon wus tinampan,
pakolèhé bisa mangan rada tuwuk,
têmah pulih awakira,
katon lêmu lawan klimis.
(4)
Durung suwé wus katara, 
lamun têmên srêgêp sabarang kardi,
kêndêl tan wègah mring èwuh,
bakul bakmi kalêgan,
marmanira arsa binlanja kang patut,
nanging ora gêlêm nampa,
gèḍèg-gèḍèg bakul bakmi.

(5)
Tuwuh osiking wardaya,
lamun gêlêm arsa dipun opèni,
rinêngkuh lir anakipun,
si Sabar tan lênggana,
éwadénê ora owah watakipun,
 srêgêp têmên tan wêgahan,
tansah anêtêpi wajib

(6)
Êmbuh apa marganira, 
bakul bakmi dilalah ing saiki,
rêjêkiné wuwuh-wuwuh,
Sabar kinèn sêkolah,
katon lantip gaṭèkan sabarang kawruh,
nanging barêng wis mèh tamat,
bakul bakmi têkèng janji.

(7)
Mung tujuné wis kacihna,
pintêr ḍèwè saklas datanpa tanḍing,
marmanira gurunipun, 
kang awèh pitulungan,
nêrusaké angragadi nganti rampung,
malah suwisé tamat,
bisa nêrusaké malih.

(8)
Wragad saka pamaréntah,
wit katitik pintêr ḍèwè angluwihi,
têkan sêkolahan luhur,
lêstari kasêmbadan,
dadi doktêr omah loji mangku lurung,
montor séḍan moḍèl énggal,
linadènan para abdi.

(9)
Watakira tan wêgahan,
yèn têtulung marang kang lagya sakit,
nadyan wanci têngah dalu,
tan sambat lan ngrêsula,
agéagé anêkani kanṭi gupuh,
nora mawang sugih mlarat,
tan mangéran marang ḍuwit.

(10)
Lamun sira tan uninga,
tak kanḍani kang linggih jèjèr kuwi,
ingkang kiwa garwanipun,
putrané gurunira,
ingkang têngah lamun aku ora kliru,
ora liya mbok Pawira,
waranḍané bakul bakmi.
Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Yuk Gabung

Total Pengunjung

Penunjung