Têmbang Macapat 8 (Méga Mênḍung)

Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Bab sujarah lahiripun têmbang macapat sagêd maos wontên ing "Asal-usul Tembang dan Golongan Têmbang di Jawa". Tembang Asmarandana umumé kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yèn dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artiné tresna, lan dahana kang artiné geni. Mula saka iku, Asmarandana isiné wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Menawi badhé nyumêrapi kêtêrangan kados pundi têmbang macapat asmarandana punika sagêd maon wontên ing WIKIPEDIA.

MÉGA-MÊNḌUNG

Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra

Katrêsnan Sêjati

Têmbang Macapat Asmarandana

(1)
Kacarita duk ing uni,
ana suḍagar sajuga,
anèng Bagdad nêgarané,
sugihira tanpa timbang,
banḍané tanpa pétang,
gêḍongira kêbak sunḍul,
mèncêp isi rajabrana.

(2)
Darbatmaja jalu kalih,
pêkik-pêkik warnanira,
karo pisan wus wanciné,
ngancik wayahé diwasa,
karoné wus rumasa,
tutug nggoné ngangsu kawruh,
kanggo sangu uripira.

(3)
Ki Sudagar jroning ati,
marêm nyawang sutanira,
kang sinartan karahayon,
pinayungan kayuwanan,
lêstari katumusan,
kautamaning tumuwuh,
kang dadi pawitan gêsang.

(4)
Amung siji kang njalari,
mangu-manguning wardaya,
déné anakira karo,
kurang alus ing pangrasa,
katrêsnan mring wong tuwa,
sanak kadang mitra karuh,
tan wêlas marang sasama.

(5)
Wit yêktiné nadyan sugih,
yèn koncatan ing katrêsnan,
kamanungsan ora duwé,
mung mangéran marang banḍa,
angèl bisa yuwana,
was sumêlang atut pungkur,
ora têntrêm uripira.

(6)
Tanpantara lami-lami,
ki sudagar têkèng léna,
tangis gumêrah swarané,
barêng rampung paripurna,
mangsané maris banḍa,
layang wasiyat jinupuk,
binuka samya winaca.

(7)
Kagyat karoné udani,
uniné layang wasiyat,
antarané bocah loro,
ingkang wênang ndarbènana,
 sanguning donyabrana,
kang trêsna priyangga amung,
marang jênaté bapaknya.

(8)
Têmah drêdah lan pradondi,
kabèh ngrasa luwih trêsna,
wêkasané bocah loro,
ngaḍêp marang pangadilan,
jêksané nêmu akal,
gambaré sodagar mau,
pinasang kinarya lésan.

(9)
Sapa bisa anjêmparing,
pênêr mripatirèng bapa,
ingkang nampa warisané,
agé-agé ingkang muḍa,
gugup mênṭang ganḍéwa,
sumiyut cêprèt ngênani,
pênêr alisrèng bapa.

(10)
Kakangira kang gumanti,
durung nganti wiwit manah,
wis anḍoprok pasambaté,
ora têgêl manah bapa,
narima ora tampa,
jaksa gé-agé sumambung,
malah sira ingkang tampa.


Gambar kapênḍêt saking Yudiboy. Waos ugi macapat sanèsipun sèri  
 

Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Yuk Gabung

Total Pengunjung

Penunjung