Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra
Èlinga Marang Wong Tuwamu
Têmbang Macapat Ḍanḍanggula
(1)
Sumurupa anggèr duk ing nguni,
kalanira sira durung ana,
bapa biyungira kiyé,
kang ingajab ing kalbu,
bisanira kêlakon bénjing,
bêbranahan sêsuta,
èstri lawan jalu,
kang limpad waspadèng driya,
kasinungan kaluwihanirèng budi,
sinartan kautaman
(2)
Nora suwé biyungira kèksi,
tinon wênês cahyané kawuryan,
ngalayung ing pasêmoné,
lungkrah lêsah kadulu,
sêmu alum lêsu ngalêntrih,
tansah mung kudu mutah,
sirah mumêt ngêlu,
pêḍês kêcut sênèngannya,
wêkasané suwé-suwé sira kèksi,
wus ana jro wêtêngan.
(3)
Nadyan sira wus saya katawis,
wiwit gatra nèng jro guwa garba,
nanging êmbuh ing dadiné,
kalamun biyungira,
tan prayitna lan ngati-ati,
kabèh sabarang tindak,
lair batinipun,
kèh uṭuté tan widada,
bisa ilang bali mring asaling nguni,
sirna tanpa karana.
(4)
Saya tuwa gènira nggarbini,
saya kudu luwih ing panjaga,
lawan panganti-atiné,
kalamun tan kadyèku,
bisa owah dununging bayi,
kang anèng jro wêtêngan,
bésuk lairipun,
aḍakan nêmu rubéda,
luput-luput dadi jalaraning pati,
karoné nora kalap.
(5)
Saya lamun wus andungkap lair,
paribasan amêng-amêng nyawa,
wit tan kurang wêkasané,
konduran biyungipun,
lamun slamêt karoné sami,
tumraping bayinira,
jênêng durung mungkur,
yèn tan dipun upakara,
durung mêsṭi yèn lêstari têrus urip,
mula paḍa èlinga.
(6)
Angopèni bayi nêmbé lair,
nganti têkan wayahé lumampah,
iku ora baèn-baèn,
yèn lagi mulês ngêlu,
lan kêtaman sukêr sakit,
mung gawé juḍêging tyas,
nganti mangsanipun,
lumêbu mring pamulangan,
nora kênḍat gawé ribêtirèng pikir,
tumraping yayah réna.
(7)
Marmanira poma aja lali,
ngèlingana rêkasèng wong tuwa,
kang ngopèni têkana mangké,
lêstari lan sêmpulur,
bisa tutug warêg ngalami,
pait gêtiring gêsang,
lan sakbanjuripun,
wajib ngêrti mring wong tuwa,
mbangun turut wêdi asih trus ing ati,
lan bisa nuju prana.
(8)
Yèn pinétung lir wong potang ḍuwit,
utangira mring wong tuwanira,
tanpa pétungan akèhé,
paran gyanira nyaur,
lamun datan wiwit saiki,
dèn cicil dimèn suda,
déné wujudipun,
wêdi asih mring wong tuwa,
mbangun turut ngéman ngêmong nggumatèni,
mring yayah rénanira.
(9)
Sampurnané kudu anêtêpi,
kudangané uwong tuwanira,
yèn tan kliru panyuwuné,
ing bésuk sutanipun,
dadia wong utamèng ati,
limpad waspadèng driya,
ing wêwéka putus,
kasinungan kaluwihan,
lan kawignyan kang wigati migunani,
tumrap anèng bêbrayan.
(10)
Marmanira sing mêmpêng angudi,
mrih katêkan èsṭining panjangka,
mumpung sira isih laré,
isih amba jangkahmu,
kêklumpuka sanguning urip,
sakèhing kapintêran,
agal lawan alus,
wus lumrah wong arêp mulya,
kudu wani lara lapa ngêrês pêrih,
dadia lakunira.
(1)
Sumurupa anggèr duk ing nguni,
kalanira sira durung ana,
bapa biyungira kiyé,
kang ingajab ing kalbu,
bisanira kêlakon bénjing,
bêbranahan sêsuta,
èstri lawan jalu,
kang limpad waspadèng driya,
kasinungan kaluwihanirèng budi,
sinartan kautaman
(2)
Nora suwé biyungira kèksi,
tinon wênês cahyané kawuryan,
ngalayung ing pasêmoné,
lungkrah lêsah kadulu,
sêmu alum lêsu ngalêntrih,
tansah mung kudu mutah,
sirah mumêt ngêlu,
pêḍês kêcut sênèngannya,
wêkasané suwé-suwé sira kèksi,
wus ana jro wêtêngan.
(3)
Nadyan sira wus saya katawis,
wiwit gatra nèng jro guwa garba,
nanging êmbuh ing dadiné,
kalamun biyungira,
tan prayitna lan ngati-ati,
kabèh sabarang tindak,
lair batinipun,
kèh uṭuté tan widada,
bisa ilang bali mring asaling nguni,
sirna tanpa karana.
(4)
Saya tuwa gènira nggarbini,
saya kudu luwih ing panjaga,
lawan panganti-atiné,
kalamun tan kadyèku,
bisa owah dununging bayi,
kang anèng jro wêtêngan,
bésuk lairipun,
aḍakan nêmu rubéda,
luput-luput dadi jalaraning pati,
karoné nora kalap.
(5)
Saya lamun wus andungkap lair,
paribasan amêng-amêng nyawa,
wit tan kurang wêkasané,
konduran biyungipun,
lamun slamêt karoné sami,
tumraping bayinira,
jênêng durung mungkur,
yèn tan dipun upakara,
durung mêsṭi yèn lêstari têrus urip,
mula paḍa èlinga.
(6)
Angopèni bayi nêmbé lair,
nganti têkan wayahé lumampah,
iku ora baèn-baèn,
yèn lagi mulês ngêlu,
lan kêtaman sukêr sakit,
mung gawé juḍêging tyas,
nganti mangsanipun,
lumêbu mring pamulangan,
nora kênḍat gawé ribêtirèng pikir,
tumraping yayah réna.
(7)
Marmanira poma aja lali,
ngèlingana rêkasèng wong tuwa,
kang ngopèni têkana mangké,
lêstari lan sêmpulur,
bisa tutug warêg ngalami,
pait gêtiring gêsang,
lan sakbanjuripun,
wajib ngêrti mring wong tuwa,
mbangun turut wêdi asih trus ing ati,
lan bisa nuju prana.
(8)
Yèn pinétung lir wong potang ḍuwit,
utangira mring wong tuwanira,
tanpa pétungan akèhé,
paran gyanira nyaur,
lamun datan wiwit saiki,
dèn cicil dimèn suda,
déné wujudipun,
wêdi asih mring wong tuwa,
mbangun turut ngéman ngêmong nggumatèni,
mring yayah rénanira.
(9)
Sampurnané kudu anêtêpi,
kudangané uwong tuwanira,
yèn tan kliru panyuwuné,
ing bésuk sutanipun,
dadia wong utamèng ati,
limpad waspadèng driya,
ing wêwéka putus,
kasinungan kaluwihan,
lan kawignyan kang wigati migunani,
tumrap anèng bêbrayan.
(10)
Marmanira sing mêmpêng angudi,
mrih katêkan èsṭining panjangka,
mumpung sira isih laré,
isih amba jangkahmu,
kêklumpuka sanguning urip,
sakèhing kapintêran,
agal lawan alus,
wus lumrah wong arêp mulya,
kudu wani lara lapa ngêrês pêrih,
dadia lakunira.
0 komentar:
Posting Komentar