Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra
Ngêrti Kabêcikan
Têmbang Macapat Kinanthi
(1)
Duk ing uni ana ratu,
ingkang tansah anêtêpi,
mring kotamanirèng gêsang,
wêlas asih mring sêsami,
ambêg adil paramarta,
martotama anartani.
(2)
Susilarja tyas mêmayu,
kayuwananirèng urip,
mung kuciwa nanḍang roga,
anggènira lumpuh mati,
datan bisa anggulawat,
rina wêngi amung guling.
(3)
Nanging jroning tyas tan limut,
paangastaning kanang adil,
pangêmbating prajanira,
ruwêt rêntênging nêgari,
têmah tata karaharjan,
pra kawula wêdi asih.
(4)
Amrih gampangirèng laku,
tumindaking angaḍili,
ana panggung ginantungan,
gênṭa gêng kang mawa tali,
sapa minta bêbênèr,
cukup ndudut ingkang tali.
(5)
Têngah dalu wancinipun,
gênṭa gêng kang munggwéng nginggil,
muni sêru angumanḍang,
gawé kagèt kang miyarsi,
srinaréndra sigra-sigra,
ḍawuh kinèn aniliki.
(6)
Duta nata méntar sampun,
kagyat sigra bali,
munjuk marang ratunira,
lamun ana ula putih,
mulêt talinirèng gênṭa,
wali-wali nyênḍal.
(7)
Srinaréndra ḍawuhipun,
kinèn ngêtutaké mangkin,
êndi paranirèng ula,
wus tinurut saking wuri,
praptèng êrong lampahira,
ula manḍêg mangu ajrih.
(8)
Wit cêḍaking êrongipun,
kang dumunung pinggir kali,
tinunggon mring buron tirta,
lir mênyawak suku kalih,
amangani ênḍogira,
yun linawan datan wani.
(9)
Kabèh konjuk mring sang prabu,
srinaréndra ḍawuh mangkin,
nyirnakaké buron tirta,
wus pinatèn jinêmparing,
dalunira duk srinata,
lagya énak-énak guling.
(10)
Kang sarira kraos lamun,
pinulêt mring ula putih,
barêng ucul kang karasa,
sarira kang lumpuh mati,
bisa obah anggulawat,
waluya lir wingi uni.
(1)
Duk ing uni ana ratu,
ingkang tansah anêtêpi,
mring kotamanirèng gêsang,
wêlas asih mring sêsami,
ambêg adil paramarta,
martotama anartani.
(2)
Susilarja tyas mêmayu,
kayuwananirèng urip,
mung kuciwa nanḍang roga,
anggènira lumpuh mati,
datan bisa anggulawat,
rina wêngi amung guling.
(3)
Nanging jroning tyas tan limut,
paangastaning kanang adil,
pangêmbating prajanira,
ruwêt rêntênging nêgari,
têmah tata karaharjan,
pra kawula wêdi asih.
(4)
Amrih gampangirèng laku,
tumindaking angaḍili,
ana panggung ginantungan,
gênṭa gêng kang mawa tali,
sapa minta bêbênèr,
cukup ndudut ingkang tali.
(5)
Têngah dalu wancinipun,
gênṭa gêng kang munggwéng nginggil,
muni sêru angumanḍang,
gawé kagèt kang miyarsi,
srinaréndra sigra-sigra,
ḍawuh kinèn aniliki.
(6)
Duta nata méntar sampun,
kagyat sigra bali,
munjuk marang ratunira,
lamun ana ula putih,
mulêt talinirèng gênṭa,
wali-wali nyênḍal.
(7)
Srinaréndra ḍawuhipun,
kinèn ngêtutaké mangkin,
êndi paranirèng ula,
wus tinurut saking wuri,
praptèng êrong lampahira,
ula manḍêg mangu ajrih.
(8)
Wit cêḍaking êrongipun,
kang dumunung pinggir kali,
tinunggon mring buron tirta,
lir mênyawak suku kalih,
amangani ênḍogira,
yun linawan datan wani.
(9)
Kabèh konjuk mring sang prabu,
srinaréndra ḍawuh mangkin,
nyirnakaké buron tirta,
wus pinatèn jinêmparing,
dalunira duk srinata,
lagya énak-énak guling.
(10)
Kang sarira kraos lamun,
pinulêt mring ula putih,
barêng ucul kang karasa,
sarira kang lumpuh mati,
bisa obah anggulawat,
waluya lir wingi uni.
0 komentar:
Posting Komentar