Sèri têmbang
macapat mênika mligi ngêwrat karanganipun R. Ng. L. Tédjasusastra ingkang
sampun kaimpun dados buku ingkang judulipun Méga Mênḍung.
Rikala sêmantên kagêm
pêdoman sekolah rakyat wontên ing Jogja lan Solo. Jagad Jawa namung ḍapur
nyalin sabên pérangan sub judulipun. Dados ing mangkénipun dados artikêl sèri,
ing pangajab mbotên njuwarèhi saha mbotên mbosêni para kadang Jagad Jawa anggènipun maos. Mbok bilih kadang sutrêsna Jagad Jawa wontên ingkang kêsdu nyêrat wontên ing blog mênika, kêpara katuju ing ênu, sangêt bingahing manah kula. Matur Nuwun.
MÉGA-MÊNḌUNG
Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra
Tanah Wutah
Gêtihku
Têmbang Macapat Maskumambang
(1)
Ima pita angênguwung jroning wêngi,
lir wong
wungu néndra,
kuwangkungên myating jawi,
wus katon paḍang trawangan.
(2)
Tranggana tarap tirahing wiyati,
lir wong
mara séba,
katêmbèn giliring wanci,
katon sêmbada awijang.
(3)
Kang sasangka lir jinangka urut pinggir,
pinḍa
pinagêran,
têturus pinancak suji,
katon téjanya liwêran.
(4)
Jroning ratri tata têntrèm ngantarani,
ron-ron taru lata,
tinon antêng tan kumitir,
maruta tan lumaksana.
(5)
Tinon ngégla tanggul munggul anggaligir,
galêngaan gêgulan,
sawah têgal dèn tanduri,
riyu-riyu angrêmbaka.
(6)
Sumarambah ora pilih lêbak inggih,
nadyan
lambung arga,
pinggir jurang pèrèng kali,
kêbak tanduran tan sêla.
(7)
Kali kalèn lumintu kang tirta kéngis,
wangan
lan susukan,
pating srèwèh angoncari,
sawah-sawah kawaratan.
(8)
Lamun mulat kang gumêlar kabèh kuwi,
mongkog
tyas rumasa,
darbé tanah wutah gêtih,
loh jinawi gêmah ripah.
(9)
Kang mijèni karaharjan lair batin,
tuking
katêntrêman,
karahayoning dumadi,
pinayungan kayuwanan.
(10)
Marmanira wajib kudu paḍa njagi,
mrih adêging
praja,
ajêg jêjêg anjalari,
karaharjanirèng gêsang.
sêdaya gambar kapênḍêt saking Googlê kanṭi kata kunci Tanah Airku Indonésia.
0 komentar:
Posting Komentar